Ngertio ngunu aku gak usah buwak-buwak wektuku gawe ngawang-ngawang awakmu nang pengimpenku. Ngertio ngunu aku gak usah lungguh mbegegek nang ngarepe laptop cuman ngenteni awakmu nyapa. Ngertio ngunu aku gak usah ngronce-ronce pangarepku. Ngertio ngunu aku gak usah nyolong-nyolong gambarmu tak simpen nang laci data flashdisk ku. Ngertio ngunu... ngertio ngunu... ngertio ngunu...
Prek..!!!
Gak kathek cinta-cintaan, gak kathene sayang-sayangan. Lanangan saiki gak ono sing tayo. Kuabehh mek nglarani ati. Mulai teko Rudi, Joko, Anjar, Sapto. Kuabehhh preekk!!!... Telek kabeh!!!
Wis udakara telung wulan aku gak sopoan karo Sapto, seniorku pas aku SMA. Rikala semono aku wis ngerasa sepa karo Sapto. Pancen, aku dudu tipe wong wedhok sing mesthi siap sediyo nunggoni de'e jemundhul pas YM an. Pancen aku dudu wong wedhok sing tambar rikala de'e nggunemke kanca wedhok'e kaya Endang sing semlohe, Tutik sing lantip pikir'e, Siti sing sugih rajakayane, utawa Nur sing atine uaapik ora jamak.
Gak maido lek Sapto malih mbesengut ae, pas aku ngomel-ngomel gak jelas juntrungane opomaneh lek aku bar ndedes nakoni de'e merga aku cemburu, tapi aku gak ngakoni. Mergane aku dewe yo dudu wong sing ayu nglegena kaya Endang, gak pinter moncer kaya Tutik, aku teko wong sing gak dhuwe, aku yo ora mesthi nuruti opo kekarepan'e Sapto. Saktemene tak akoni aku cemburu.
Sapto. Sing tak ilingi teko Sapto kuwi dadane sing mbusung lan dedege sing menger-menger. Aku paling seneng lek Sapto nyapa tengah wengi. Bar ngunu aku iso cerito kedadeyan samubarang dinoan iku. Nangis-nangis sak karepku, gak isin-isin. Lek wis bar, paling Sapto nuturi aku. Cuman dudu iku mergane aku kesengsem karo Sapto. Sapto mesthi ana lek aku lagi butuh. Nandhang lara lapa bareng. De'e ewasemono uga cerita nyenengi kancaku. Ewasemono aku durung kesengsem ambek de'e, paling aku dadi kanca seman-semon de'e. De'e mesthi cerito soal keluargane, soal penggaweyan'e, soal kesenengan'e kadang soal opo sing marakke atine bungah utowo lungkrah.
Aku gak ngerti apa sing njalari aku seneng karo dheweke. Sing jelas aku seneng. Pas de'e sering ngeke'i wektune gawe aku. Aku bungah lek ono wong sing cerita samubarang'e karo aku. Aku seneng lek aku dipercoyo karo liyan.
"Ka, lunga bareng yok?" jarene pas wayah ba'da maghrib
"Menyang endi Sap? Awakku wis kesel kabeh, wingi bar resik-resik jogan, ngangkut-ngangkut tilasan kerdus simbok kulakan" alesanku.
Aku wes males sakjane ketemu Sapto, wes ngerasa njembek ambek raine sing dak kira podo ae ambek bajul, meneng-meneng bar ngunu nyaplok mangsa wedhok'ane.
"Ya, wis lak ngunu aku tak metu wae ambek Dwi. Hehehhe... aku ngaku wess... wes ket suwi aku seneng karo adhimu, Ka" ngakune Sapto.
Atiku njomblak kaget. Ooo... tibak'e si Sapto seneng karo Dwi. Gak kathek nyuwun sewu, tanganku mak-hweet...
PLAAKK!!!
Bar ngunu aku mek iso ngguguk mingsek-mingsek, nutupi raiku, minggat teko papan kunu. Ninggalno sapto sing mrenges-mrenges kelaran, njur bingung. Tapi babah, atiku yo wis kelaran mergo kelakuan'e de'e.
Sby, 250309
Rabu, 25 Maret 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar